Sanes Horo


@Dzulkarnaen El-Syihab 

 "Ceritane uripe biyen wonge pancen rodok mampu. Nanging kolot, medit, lan senengane bliduk'i wong. Seneng nyalahi uripe wong, matine yo pancen nyolo wedi"
Twitter @bosojowoan

Kedadian iki tak alami kiro-kiro 8 tahun kepungkur, sakdurunge mondok ndek Blokagung, dino kemis kliwon, ning desone mbahku salah sijine ing wargo seng jenenge Paijo mati, nah mergo malem jumat legi, wes dadi kebiasaan deso kui, yen ono seng mati dino jumat legi kudu dijogo, mergo jaman kui akeh wong seng penggaweane nyolong morine wong seng wes mati, utowo sirahe, digawe pesugihan. Aku, Sukir, Gopiki lan Jayen giliran jogo pas netepi telung dinone Paijo yoo tonggoku seng mati kui.

Srengenge wes mudon mengulon, tondo yento wengi bakale lumaku. Aku, Sukir, Gopiki lan Jayen ndang age-age ae budal neng kuburan seng panggonane adoh seko umah kui. Neng kuburan wes digawekno umah soko terpal, teko kuburan wes repet-repet rodok peteng, dilah ublik semprong tak besang, loro kabehe, seng siji tak deleh neng seseh kidul rodok kepiring kulon supoyo panggenan sikile Paijo keno padange lampu ublik. Lan salah sijine tak seleh sisih lor cedek ing sirah kuburane Paijo.

Yen tak roso-roso kahanan wengi kui atis. Adem banget, angin ketigo sumilir tipis nerak ing godong-godongan. Bulan separo katon barengi lumakune wengi iku, ''Kang Sukir... Kok yo adem tenan tho, jeketan nganti tembus rasane.” Jareku.

”Iyo ee. Adem tenan nganti medidil.“ Jawab Sukir.

”Endi enek adem? Wong angete koyok ngene kok.” Gopiki nyambung ing gunem Sukir.

”Gop... Gopiki koe ki kulitmu kulit badak piye? Kok yo gak ngrasakne adem tho.” Kandane Jayen nong kono.

Paijo seng wes mati, tak jogo wengi kui. Ceritane uripe biyen wonge pancen rodok mampu. Nanging kolot, medit, lan senengane bliduk'i wong. Seneng nyalahi uripe wong, matine yo pancen nyolo wedi. Enak-enak turu ngorok karo bojone kok isuk-isuk bojone tangi, ngerteni lak Paijo wes mati kaku. Kabeh wong desaku podo rasan-rasan, opo matine Paijo kui kerono kualat? Opo yo matine Paijo kui ora wajar?

Obrolanku kandek sedelok, mergo kiriman mangan karo kopi teko. Aku, Sukir, Gopiki lan Jayen ndang age ae mbukak kiriman kui lan langsung mangan. Sakwise seng ngirim muleh lan wes tak pangan kahanan dadi tintri maneh. Kiro-kiro wes jam 10 wengian iki jek melek ngobrol ngalor ngidul, lan lampu ublik keterak angin katon mati ora mati ora.

Suara kemrenteke pang-pang wit-witan seng keterak angin soyo agawe ngadek'ake wulu gitok. Ditambah suoro-suoro hewan-hewan wengi, tansah agawe peket serem wengi, lan biso dadiake sopo wonge seng nemuni wengi kui bakal wedi.

Auuuuuuk ... Quq Quq Quq... Quq Quq Quq..

''Kang... Suoro manuk Kokobeluk kok baaanter men tho, aku kok meriiinding kabeh sajak'e.'' Gopiki jerantal budal goleki Kokobeluk seng muni kui. Gowo senter lan lumaku ing tengahe kuburan. Kedebak kedebuk.!! Suarane Gopiki balangi manuk Kokobelok iku. Aku, Sukir lan Jayen ijek enak-enak ngudud lan ngopi. Pancen rodok suwi Gopiki ning jero kuburan. Pancet iseh kerungu suoro peting kedebuk. Aku ngiro yento suoro kedebuke mau agawene Gopiki ngantemi manuk.

Yen ora dinyono lan dikiro mbuh teko endi asale suoro kedebuk kui ceblok ing anding gubuk seng tak panggoni kui. Rodok remeng-remeng kenek sinare ublik, pancen ora sepiro ketok barang seng ceblok ing anding gubuk kui.

“Gop... Gopiki.. Kok malah ngantemi uwong tho, malah tibo mrene kui lho.''

Nanging Gopiki ora semaur, barang seng ceblok buanter ning anding gubuk kui tak senteri, dilalah.....!! Kagetku setengah mati, ndragg!!! Aku mencolot sampek nabrak patok. Jebul barang seng tibo iku wujud endas manungso karo mringis gemuyu!!! Raasane jantungku koyok pedot-pedoto ngerti bakakas kui. Sukir pancen wong rodok pinter. Wanikno nyekel wujud bekakas kui seng wujud endas mringis. Dicekel lan diwacakne komat-kamit trus diuncalke wujud endas bekakasan kui.

Kahanan tambah tintrin lan gregerisin sakwese wujud ndas kui ilang. Ono gegambaran gawang-gawang putih ing duwur kuburane Pak Paijo. Rasane koyok-koyok semapot-semaputo. Aku, ngerti putih kui duwur bejejer ditaleni telu jibrat geteh. Yo kui pooocoongaan.!!!! Bentayang benteyong ono suoro guyu teko adohan. Aku arep mlayu naning ora iso. Ora iso obah aku koyok-koyok ora ndue doyo awak iki. Sukir komat-kamit ngantemi pocongan kui nganggo uyah seng wes disiapke. Mak lap..... Ilang saknaliko pocongan kui.

Ilange pocongan kui keri keluk teko ing kuburane Pak Paijo. Ilange katon regeng regemeng jabul koyok wujud wong membo-membo Pak Paijo seng wes mati karo guneman, “Heeei kowe-kowe kabeh ilingono nek urip. Mbokyo seng apik ojo koyok aku iki. Rasane awakku koyok ngene iki. Tulungono leee tulungono aku iki leee...”

Wong seng koyok Pak Paijo kui iseh bejejer ngadek nong kono. Awake katon gubrat geteh kabeh. Nyuwon pitulungan sajak'e karo aku lan Sukir. Nanging durung nganti aku karo Sukir ngomong, ono maneh wujud-wujudan putih ing sak pinggire Pak Paijo kui nganti kahanan sirahe mekan branang koyok obor. Sak banjure aku ora reti. Banjur kahanan wes isuk padang jingglang.

“Doel ndang tangi, ayo muleh!”

“Laah kok wes isuk?”

“Iyo wes isuk.”

“Lah mau bengi ceritane kepiye, Kir?”

“Mau bengi kae dudu Pak Paijo. Ora ono manungso mati iki njur dadi weden utowo liyo-liyone maneh ki ora ono. Kui iki setan. Ning setan kang paring papiling gae awak'e dewe seng iseh urep iki lo. Mbokyo ojo niru lelakone Pak Paijo seng sombong, medit mekikil, lan sak pinungggalane kui mau.”

“Lah seng rambute mekan berandang seng medeni aku kui piye?”

“Yo banjor kowe iki. Kowe semapot. Njur seng abang berandang kui wujud setan. Ugo seng bakal baturi wong seng penggaweane koyok Pak Paijo kui mau.”

“Gopiki ndi, Kir?

“Gopiki wes tak kon muleh. Jebule kui mau dekne yo semapot reti endas pringis kui mau lho.. Lan banjur wong loro iki muleh seko kuburan menyang umahe dewe.”
Sanes Horo Sanes Horo Reviewed by Feno Blog on Mei 12, 2018 Rating: 5

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.